Larange Dadi Perangkat Carik, Seharga Rumah Mewah

BLORA - "Ediaaann... tenan pora iku, dadi Carik ae kudu mbayar 800 juta, bengkoke sak piro iku payune setahun, loh jinawi pora," takone Dhe Sumar marang ponakane, Atun seng melu ujian Perangkat neng Desane.

Atun, masiyo Sarjana, sing gaweane nyekel komputer, laptop lan aktif nggawe power point kanggo presentasi tugas kuliahe, nggawe makalah skripsi, nganggo Microsoft word, lan gawe itung - itungan karo laporan duit ngganggo Microsoft Excel, ndilalah kok dianggep "TIDAK MAMPU" pas ujian komputer nggo nglamar dadi Perangkat Desa.

Bapake Atun, Dhe Sarjan yoiku Mase landes Dhe Sumar, kudu nggeblak ae bareng ngerti anake gak lulus ujian komputer, kamangka neng aturane mung kon nguripno, ngetik, ngeprint, nyimpen data lan mateni komputer.

"Ya Allah, mosok anakku gak lulus ujian komputer, sing aturane mung ngono ae, padahal anakku seko SMA, Kuliah sampek dadi Sarjana, wes cekelan laptop, Jian ngisin - isini lan kurang ajar tenan, Ojo - Ojo bijine anakku dimanipulasi, aku gak Trimo Donya akerat, Iki bakal tak repotno, aku njaluk dibatalno ujian perangkat Iki, kae lho Atun sampek gulung - gulung tangisan!" aloke banter mergo gregeten.

Ujian Perangkat neng Kecamatan Awuran pancen lagi dadi omongan neng sak nggon - nggon, mulai ning warung kopi Mbah Wiji sampek neng Warunge Yu Tik. Opo maneh sing podo gak lulus iku, nggrudugi maneh Kantor Bupati, audiensi kedua jarene.

"Iki kepeksa tak bongkar kabeh pak, polah aneh - aneh Panitia Seleksi karo Kadesku, mosok aku ditari Kon nyiapno duwik 800 yuta, nek pengen dadi Carik (Sekretaris Desa=red), lan perangkat liyane sak ngisore, 350 yuta, Iki jenenge Dol tinuku kursi perangkat, lan pemerasan, kudune dibatalno ae, laporno polisi sisan, ben kuapok," bengoke Slamet, neng ngarepe Punggowone Bupati.

Punggowone Bupati, Pak Yan mung gedek - gedek ngrungokno, nanging isih waspada, marang perwakilan iku, seng njenakno Calon Perangkat Awuran Nyawiji, njaluk supoyo lapurane digawe lengkap, ditulis, diwenehi bukti - bukti sing komplit, kanggo mriksa sa kabehane. 

"Iki urusan serius lan gawat, ning kudu waspodo, umpomo ono laporan pidana, Ben dadi urusane Pulisi, ning yen kabeh iku kebukten, ujian perangkat iso dibatalke." jarene Pak Yan. 
Larange Dadi Perangkat Carik saiki, Seharga Rumah Mewah. (Red)
Share:

0 comments:

Post a Comment

Hot News

APTRI Blora Bangkit Sinergi dengan Pemda dan Berperan dalam Program Pergulaan Nasional

𝗕𝗟𝗢𝗥𝗔 — Bupati Blora, H. Arief Rohman, S.IP,M.Si menghadiri acara pelantikan Asosiasi Petani Tebu Rakyat Indonesia (APTRI) ...

Public Service

Blog Archive

Social Media

Technology

Next More »

Labels

Community

Next More »